CRITA RAKYAT
Crita Rakyat yaiku crita kang minangka dumadi wiwit jaman biyen lan
ora dimangerteni menawa isine pancen kedadean apa ora, amarga crita rakyat
dumadi kanthi gethok tular. Jalaran gethok tular kuwi mau, mulane ana crita
kang kurang, ana kang ditambah-tambahi utawa mlenceng saka sumbere. Crita
rakyat iku ngemu pitutur lan piwulang kang bisa dienggo wulangan ing sajroning
urip. Crita kang mangkono iku kang diarani crita fiksi utawa asring sinebut
dongeng. Salah siji wujud crita rakyat yaiku fabel. Fabel yaiku dongeng sing paragane kewan lan bisa guneman kaya manungsa. Tuladhane Wedhus Lan Jaran.
Unsur-unsur Pambangun Crita Rakyat
a.
Unsur
ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun crita rakyat saka sanjabane crita. Unsur
ekstrinsik iku antarane :
1)
Agama
2)
Ekonomi
3)
Sosial
4)
Pandhidikan
5)
Budaya
b.
Unsur
intrinsik yaiku unsur kang mbangun crita rakyat saka njero crita. Unsur
intrinsik antarane :
1) Tema
yaiku ide/gagasan baku kang dadi underane prakara crita.
2) Paraga
yaiku pelaku kang mbangun crita utawa wong kang dicritakake. Paraga crita iku
werna-werna. Kaperang dadi 3 : Paraga utama sing uga dijenengi protagonist, Paraga
mungsuh sing uga dijenengi antagonis, Paraga tambahan sing uga dijenengi
tritagonis
3) Watak
yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, cilik, pesek, lsp.) lan tandha-tandha
nonfisik kang diduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, lsp.)
4) Latar/setting
yaiku papan, wektu lan suwasana kedadeyan crita.
5) Sudut
pandang/Point of view yaiku posisine pangripta ing crita utawa carane
pangripta nyaritakake isine crita. Pangripta bisa dadi tokoh, uga bisa dadi
pengamat wae ing njaba crita.
6) Basa
yaiku gegayutan karo gaya bahasa kang digunakake pangripta ing crita.
7) Alur/Plot
yaiku urut-urutane kedadeyan ing crita. Alur iku ana alur maju, alur mundur,
alur campuran.
8) Amanat
yaiku piweling utawa piwulang luhur kang kakandhut ing sajroning crita, kanga
rep diwenehake pangripta marang pamaca.
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusMaturnuwun sanget Si Baba, mugi2 mbenjing saget upload materi sanesipun malih
BalasHapusNggih mbak Ikke, maturnuwun :)
HapusAlhamdulillah dapat ilmu lagi, ditunggu crikak selanjutnya yaa kak😊
BalasHapusSiap kak
HapusMatur nuwun Mbak 😊 mugi-mugi benjing saged nambah materi malih
BalasHapusNggih mbak. Maturnuwun :)
Hapusterimakasih materinya kak
BalasHapusSama-sama kak
Hapuswah...crikak nya menarik. semangat mbk eni
BalasHapusMatur nuwun. Semangat juga mbak Ninda
HapusNuwun mb Eni, sampun menehi ilmu babahan crita rakyat😍. Aku tunggu blog selanjutnya mba 😍.. Sukses selalu mb Eni
BalasHapusNggih mbak. Maturnuwun
HapusCerita sangat menarik. Terimakasih SiBaBa
BalasHapusCerita sangat menarik. Terimakasih SiBaBa
BalasHapusNggih mbak sama-sama
HapusBagus 👍 lanjutkan
BalasHapusSiyaap kak
Hapus