CRITA RAKYAT



      Crita Rakyat yaiku crita kang minangka dumadi wiwit jaman biyen lan ora dimangerteni menawa isine pancen kedadean apa ora, amarga crita rakyat dumadi kanthi gethok tular. Jalaran gethok tular kuwi mau, mulane ana crita kang kurang, ana kang ditambah-tambahi utawa mlenceng saka sumbere. Crita rakyat iku ngemu pitutur lan piwulang kang bisa dienggo wulangan ing sajroning urip. Crita kang mangkono iku kang diarani crita fiksi utawa asring sinebut dongeng. Salah siji wujud crita rakyat yaiku fabel. Fabel yaiku dongeng sing paragane kewan lan bisa guneman kaya manungsa. Tuladhane Wedhus Lan Jaran.




 

  Unsur-unsur Pambangun Crita Rakyat
a.   Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun crita rakyat saka sanjabane crita. Unsur ekstrinsik iku antarane :
1)      Agama
2)      Ekonomi
3)      Sosial
4)      Pandhidikan
5)      Budaya
b.   Unsur intrinsik yaiku unsur kang mbangun crita rakyat saka njero crita. Unsur intrinsik antarane :
1)   Tema yaiku ide/gagasan baku kang dadi underane prakara crita.
2)  Paraga yaiku pelaku kang mbangun crita utawa wong kang dicritakake. Paraga crita iku werna-werna. Kaperang dadi 3 : Paraga utama sing uga dijenengi protagonist, Paraga mungsuh sing uga dijenengi antagonis, Paraga tambahan sing uga dijenengi tritagonis
3)   Watak yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, cilik, pesek, lsp.) lan tandha-tandha nonfisik kang diduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, lsp.)
4)   Latar/setting yaiku papan, wektu lan suwasana kedadeyan crita.
5)   Sudut pandang/Point of view yaiku posisine pangripta ing crita utawa carane pangripta nyaritakake isine crita. Pangripta bisa dadi tokoh, uga bisa dadi pengamat wae ing njaba crita.
6)    Basa yaiku gegayutan karo gaya bahasa kang digunakake pangripta ing crita.
7)   Alur/Plot yaiku urut-urutane kedadeyan ing crita. Alur iku ana alur maju, alur mundur, alur campuran.
8)  Amanat yaiku piweling utawa piwulang luhur kang kakandhut ing sajroning crita, kanga rep diwenehake pangripta marang pamaca.
 


Komentar

  1. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  2. Maturnuwun sanget Si Baba, mugi2 mbenjing saget upload materi sanesipun malih

    BalasHapus
  3. Alhamdulillah dapat ilmu lagi, ditunggu crikak selanjutnya yaa kak😊

    BalasHapus
  4. Matur nuwun Mbak 😊 mugi-mugi benjing saged nambah materi malih

    BalasHapus
  5. wah...crikak nya menarik. semangat mbk eni

    BalasHapus
  6. Nuwun mb Eni, sampun menehi ilmu babahan crita rakyat😍. Aku tunggu blog selanjutnya mba 😍.. Sukses selalu mb Eni

    BalasHapus
  7. Cerita sangat menarik. Terimakasih SiBaBa

    BalasHapus
  8. Cerita sangat menarik. Terimakasih SiBaBa

    BalasHapus

Posting Komentar